/

Kamis, 18 Oktober 2012

Waduhhh....Internet Mblusuk Deso Tirtomoyo




Nalika ana program internet mblusuk ndeso, Kang Tirto tertarik karo
omonge Roy Suryo jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter,
iso mikir dewe…
Mulane ra kakehan mikir, dina iki pit montore sing nembe dicicil telung
sasi, disekolahke neng nggadhean pasar Tirtomoyo..
Kang Tirto terus bablas neng pasar Sulingi arep tuku komputer (mosok enek
toko kumputer neng pasar Sulingi).
“Halah… ra rah kursus-kursusan. .. wong mesin pinter ae kok.. mesthi
iso lah carane nglakokne”, ngono kuwi pikirane.
Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe.
Kang Tirto jek bodo tapi kemlinthi lan gedhe gengsine…
mulane wegah nek arep njaluk ajar uwong…
“ndak dikira goblog” (padahal yo ora ngerti tenan)…
komputer dipasang dewe.
Merga wis nate mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan Tirtomoyo,
mulane nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambungne kabel yo ra enek
masalah…
Nanging nalika diuripne…
komputere enek tulisane “printer not found”.
Barang ngerti tulisan ngono kuwi..
Kang Tirto ora kurang akal, ponakane sing sekolah wis sekolah neng smp negeri Tirtomoyo
diceluk..
“Thole.. deloken komputerku, iki mau nembe tuku… iki mesin pinter…
nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?’ kandhane Kang Tirto etok-etok'e nge-test..
“Gampang… printere mboten kepanggih leres mboten Om” jawape
“Sembarangan. .. iki mesin printer ya jelas salah”, jawape Kang Tirto.
Tapi batine ragu-ragu,
“Mengko gek kuwi bener, tapi gak mungkin nek mesin sak mono gedhene
ra eruh.. eh gek aku diapusi karo Koh Ahok sakjane mesin iki
guuuooblog.. .”, Kang Tirto duwe pikiran nek diapusi karo sing dodol..
“Koh… kowe ojo ngapusi yoo… wong komputer goblog kok diomongne
pinter, mosok printer gedhene sak mene kok ra biso nemokne ki piye”,
Kang protes.
“Ora nemu piye”
“Lha iki tulisane .. printer not pound ki”
“Owalah kang Tirto… kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung 
lengkap syarate maksude isik butuh driver..”
„Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki rak ya wis siap nyetir
komputer tho”
„Tunggu ae.. engko teknisiku tak kon mrono.”
Mumpung isih nyambung karo Koh Ahok…Kang Tirto kepingin takon sisan.
Sing mendorong wonge nekat tuku komputer kuwi sakjane merga kepingin
iso Pacebukan karo Twiteran, wis kepingin arep ngobrol karo Dhek Paikem
tanggane kang Sastro sing saiki neng amrik, 

“Koh nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing neng Hongkong piye?”
“Kowe kudu ngerti alamate” jawab koh Ahok
“Wis tak tulis lengkap alamate kok neng mbah GOOGLE, malah tak lengkapi si Bejo ponakane
Kang Tirto, asline deso Sembung, neng Hongkong tahun 2011
dikirim biro jasa Ki Jogo sembung Sukses Makmur tapi kok ra ketemu karo
bocahe yaaa..”
“Mosok alamate ngono… Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak
soko ipene”
“Ipe sing endi… wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe
sedulur ipe tho..”
“Wis kang.. kumputermu paken meneh kirim balik mrene, duwitmu tak
balekne, montormu tebusen meneh

Huuuuuuhhhhhh Sempruuuulllll Tenan.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar